Assalamu'alaikum
wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 6 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. Wb

Assalamualaikum
Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala
Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan
ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula
tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking
siswa kelas 6, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak
Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula
sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu
kawruh wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Assalamualaikum Wr Wb
Ingkang
kinurmaten bapak kepala sekolah ugi bapak –ibu guru ingkang satuhu luhuring
budi lan rencang-rencang kelas kaleh welas ingkang kula krisnani
Mangga
kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng gusti ingkang maha agung ingkang
sampun maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kito sedaya dumugi sak
menika kita sedaya saged kempal wonten ingkang adicara perpisahan sak menika
Kula
piyambak ngaturaken matursuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem bapak-ibu guru
ingkang sampun mbulawantah kula dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun
tigang warsa
mboten keraos kula ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawitan mriki.woten ing adicara menika ,kula nyuwun agengipun pangapunten sangking bapak-ibu guru amargi wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula menawi gadhah kwalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten di sengaja.mugi-mugi bapak-ibu guru kersa ngapuntenaken sedaya kelepatan kula.
Satuhinipun
kula awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedaya ingkang wonten
dateng menika sampun kados sederek lan kulawarga,namung kula kedah nglanjutaken
ngangsu kwaruh wonten ing pawiyatan ingkangluwih inggil, kula kedah sanget
dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun
sampun cekap anggenipun kula matur, bilih menawi wonten kelepatan kula nyuwun
agenggipun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr Wb
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Ingkang kawula urmati Bapak Kepala Sd Negeri Pakulaut 3, ingkang kinurmatan
dewan guru, komite sekolah, ingkang berbahagia wali murid lan tamu undangan saha
rencang-rencang kelas 7,8,9 ingkang kawula tresnani.
Mangga langkung rumiyin kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur
dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kesehatan lan keselamatan dhumateng
kita sedaya, sahengga kita saged makempal pinanggih ing acara perpisahan kelas 6
Nuwun sewu, kula kadhawuhan mewakili kelas 6 ingkang acara perpisahan niki.
Mbok bilih kula anggenipun pidato kathah tuna dungkanipun kula nyuwun agunging
samodra pangaksami, awit kula menika taksih adhapur latihan.
Para rawuh ingkang kawula urmati, kula badhe ngaturaken maturnuwun dhumaten
Kepala Sekolah ingkang sampun maringi sarana lan prasarana ingkang cekap
sehingga kita saged belajar kanti lancar. Mboten kesupen kula ngaturaken matur
nuwun kangge bapak,ibu guru lan warga sekolah ingkang tumut membimbing,
mengajar, lan memotivasi sehingga kita saged ngrampungaken belajar lan
angsal ilmu-ilmu ingkang bermanfaat. Kangge bapak ibu, matur nuwun kangge
pengorbananipun ingkang sampun nyekolahaken kita ngantos lulus teng SMP niki
lan kawula sedaya nyuwun doa restunipun kangge nglanjutaken teng sekolah
ingkang lewih inggil. Ingkang kaping kalih, kula sedaya ngaturaken pangapunten
kangge bapak,ibu guru ingkang sering dados kecewa, nelangsa lan nesu amargi
kekhilafan kita sedaya.
Namun cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mbok menawi kathah atur
tetembung ingkang mboten mranani penggalihipun. Kula nyuwun pangapunten.
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Ingkang
dahad kinormatan Bapak kepala sekolah SD negeri Pakulaut 3
Bapak ibu guru ingkang kulo
hormati. Lan konco-konco ugi adek-adek sedoyo kemawon ingkang kulo tresnani. Monggo
kito sedoyo sesarengan ngonjukaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Moho
Agung, ingkang sampun maringi nikmat kuwarasan dumateng kito sedoyo, sahinggo
saged sesarengan kempal wonten adicoro perpisahan siswa kelas enam sameniko.
Sholawat
salam kagunganipun Gusti Alloh mugi-mugi konjuk dumateng junjungan kito Nabi
Agung Muhammad SAW.
Bapak ibu guru ingkang kulo
hormati
Kulo
ingkang tinanggenah Bapak guru kagem nyenyulihi konco-konco keles enem supados
ngaturaken matur sembah nuwun kulo sakonco dumateng Bapak ibu guru ingkang
sampun nggulowentah kulo sakonco dangunipun enem warso wonten pawiyatan meniko.
Kulo
sakonco mboten saget maringi menopo-menopo, namung saget ngaturaken agunging
panuwun.
Kulo
sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados saged ketampi wonten
pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dados tujuan kulo sakonco.
Ugi supados kulo sakonco
saged dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, agomo, ugi
bongso lan negoro.
Sejatosipun,
kulo sakonco kraos awrat sanget nilaraken pawiyatan meniko.
Kulo gadah sekedik pesen
kagem adek-adek kelas setunggal dumugi gangsal, supados sinau ingkang sregep,
supados saged mujudaken cita-citanipun ugi dados lare ingkang lantip.
Cekap semanten atur kulo.
Kulo sakonco tartamtu katah
kalepatanipun, lumantar kulo, nyuwun agunging pangapunten dumateng sedoyo
kemawon.
0 komentar:
Posting Komentar